# started 2014-09-02T08:16:16Z "Ludruk iku seni panggung sing asalé saka Jawa Wétan. Pramila, Ludruk iki muncul saka kesenian rakyat jenengé Besutan, seni besutan iki biyèn dipéntaské ing ratan ditonton karo akèh uwong. Ludruk kasebar ing tlatah Jawa Wétan sing budayané budaya Arekan, wiwit saka Jombang nganti Jember."@jv . "Sastra iku sawijing tembung silihan saka Basa Sansekerta; \"śāstra\", sing tegese \"tulisan\" utawa \"buku\", saka tembung dasar \"śās-\" sing tegese \"weruh\". Ing basa Jawa, tembung iki biasane dienggo ngarani \"kasusastran\" utawa sajinising tulisan sing nduwe arti utawa kaendahan tartamtu. Ananging, tembung \"sastra\" ugi bisa ngarani kabeh jinis tulisan, apa iki endah apa ora. Karya sastra ugi dipungginakaken kagem media mratelaaken pengalaman panggangit. Ukara, tembung, lan basa ingkang dipunginaaken dening panganggit punika basa ingkang endah saengga dadosaken raos remen kagem tiyang ingkang maos. Prastawa-prastawa ingkang dipunangkat panggangit boten namung prastawa ingkang sae kemawon ananging ugi prastawa ingkang awon wontening salebeting carios. Ananging saking carios éndah utawi awon punika kita saged mundhut sari pathinipun. Pangganggit ugi saged mangaribawa kabudayan masyarakat tertemtu ing salebeting karya sastra ingkang dipunanggit, kadosta pola pikir masyarakat.Saliyane iku, tembung sastra bisa dibagi dadi sastra tulis karo sastra lisan (sastra oral). Neng kene sastra ora akeh gathuke karo tulisan, nanging gathuke karo Basa sing didadekake wahana kanggo mengekspresikan pengalaman atau pemikiran tertentu.Biasane kasusastran dibagi miturut daerah geografis utawa basa."@jv . "Budaya iku maknane kabeh pemikiran menungsa sing sifate abstrak sing diwujudake dadi pola tingkah laku neng masyarakat lan kasil Budaya sing sifate fisik. Dadi budaya iku nduwe bagian utawa unsur sing tahap-tahape yaiku: pikiran utawi gagasan utawi ide, rasa lan niat. Kabeh gabungan bagian utawa unsur-unsur iku mung ana neng menungsa.Tembung budaya iku asale saka basa Sansekerta yaiku \"buddayah\" sing asale saka tembung \"budhi\" utawa akal. Akal iku dadi salah siji perangkat utama menungsa kanggo njalani urip lan ora ana makhluk liya sing nduwe akal.Miturut Prof. Koentjaraningrat, kabudayan iku gabungan kabeh sistem, gagasan, tindakan lan kasil karya menungsa neng masyarakat sing isa diperkoleh liwat sinau."@jv . "Bausastra utawa kamus iku sawijining buku sing isiné daftar définisi tembung-tembung."@jv . "Wayang dumadi saking tembung wod \"yang/ hyang\" angsal ater- ater wa-. Tegesipun roh ingkang dipepundhinamargi pinercaya roh saged damel beja cilakanipun manungsa.Wayang punika wewayangan utawi gegambaran watak lan jiwanipun manungsa. Wayang mujudaken pangejawantahan pribadi manungsa.Wayang punika pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang wujud 2 dhimensi utawa wujude 3 dhimensi. Kang wujud 2 dhimensi umume, kagawé saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawi wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngéné iki ora patia akèh ditemoni. Manut ing kemajuane jaman, wus tinatah lan sinungging wayang kanthi ngginakaken media digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang kang tinatah lan sinungging kanthi media digital kasebat e-wayang.Crita kang dilakonaké dijupuk saka épos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut Wayang Purwa. Uga ana kang nggelar lakon crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab. Wayang kang kaya ngéné iki diarani Wayang Menak. Pagelaran iki misuwur ing tanah Jawa.Ing pagelaran punika wayang ditancepké ing debog (wit gedhang) ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Ing tengah, critané digelar. Sedina sewengi lakon diwedhar. Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan sing berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi.."@jv . "Basa Jawa (Basa Jawa: ꦧꦱꦗꦮ) iku kagolong basa Austronesia, ya kuwi basa-basa sing dianggo sawarna-warnané bangsa pribumi ing kapuloan sakidul-wetaning bawana Asia. Basa Jawa kasebar wiwit pucuk kulon pulo Jawa, Banten nganti pucuk wétan Banyuwangi déning kurang luwih 80 yuta panutur ibu. Kajaba iku, basa iku kasebar ing Indonésia saka Sumatra nganti Papua, Timor Wétan, Malaysia, Singapura, Taiwan, Hong Kong, Walanda, Suriname, Curaçao, lan ing Kaledonia Anyar.Basa Jawa dadi salah sijiné panyumbang sing gedhé dhéwé kanggo panuwuhané basa Indonesia. Sanadyan dudu basa resmi ing pamaréntahan, basa Jawa nduwé pangaruh luwih akèh tinimbang basa-basa dhaérah liyané kayata ing kosakata, lan istilah-istilah sing kadhangkala nganggo tembung Jawa.Basa Jawa iku bagéyan saka sub-cabang Sundik saka rumpun basa Melayu-Polinesia Kulon saka pang basa Melayu-Polinesia sing gilirané anggota basa Austronesia. Basa Jawa isih sedulur cedhak basa Melayu, basa Sundha, basa Madura, basa Bali, lan uga basa-basa ing pulo Sumatra sarta Kalimantan.Basa Jawa dipigunakaké ing Jawa Tengah, Jawa Wétan lan uga pesisir lor Jawa Kulon. Banjur ing Madura, Bali, Lombok lan Tatar Sundha ing Jawa Kulon, basa Jawa uga ditrapaké dadi basa sastra. Basa Jawa uga basa dalem ing keraton Palembang, Sumatra Kidul sadurungé keraton iki dibedhah wong Walanda ing wusananing abad kaping-18."@jv . "God zij met ons Suriname (Jawa \"Sang Pangéran Moga Nulungi Awaké Dhéwé Suriname\") iku lagu kabangsane negara Suriname. Ing ngisor ana versiné nganggo basa Walanda lan basa Sranan Tongo :Ing Basa Walanda :God zij met ons SurinameHij verheffe ons heerlijk landHoe wij hier ook samen kwamenAan zijn land zijn wij verpandWerkend houden we in gedachtenrecht en waarheid maken vrijAl wat goed is te betrachtenDat geeft aan ons land waardij.Ing Basa Sranan Tongo :Opo kondreman oen opoSranan gron e kari oenWans ope tata komopoWi moes seti kondre boenStre de f'stre wi no sa fredeGado de wi fesi manHeri libi te na dedeWi sa feti gi SrananPretalan basa JawaMuga Gusti karo awaké dhéwé SurinameMuga ngluhurna tanah kita sing tentremKepriyé waé kita mréné padha-padhaDigadhékaké karo tanah ikiSambi nyambut gawé kita tumindhakbener lan dadi bébasngusahakna kamajonawèh drajad ing negara."@jv . "Campursari iku sawijining jenis tembang cara Jawa sing sajatine campuran saka gamelan Jawa lan piranti musik modern.Campursari kang ngemot pirang-pirang aspek seni (sajroning lelagon pepak banget). Katitik saka lagu kang kerep dianggo campursari bisa awujud: lagu dolanan, langgam, macapat, tembang gedhe, sekar gendhing, bawa, umpak-umpak, lan sanes-sanesipun. Tokoh campursari sing kondhang, yaiku Manthous saka Gunung Kidul.Katitik saka instrumen kang dianggo bebarengan kanthi trep, nganti kepenak dirungokake. Gabungan instrumen kasebut diangkah supaya tinemu harmoni seni campursri. Instrumen campursari kang kerep kanggo kayata kendhang, demung, gong, rebab, piano lan gitar.Lelagon campursari mono kang baku seneng, gumyak, lan nges swasanane. Padatan campursari kerep kanggo nglipur ing pahargyan, embuh iku mantenan, sunatan, tasyakuran lan liya-liyane.Campursari uga asring dianggo dening pendhagel, gara-gara ing wayang kulit, utawa wayang wong, limbukan wayang kulit, dhagelan ing kethoprak lan sapanunggalane."@jv . "Agama iku sistem utawa prinsip kapercayan lan keyakinan kang manthep marang sang Gusti Pangéran, utawa uga diarani nganggo asma liyané kaya ta; Gusti Allah, Dewa, Sang Hyang Widi, lan sabanjuré. Agama uga ajaran-ajaran kabaktèn lan kuwajiban-kuwajiban sing ana gandhèng cénèngé karo kapercayan iku.Tembung \"agama\" asalé saka basa Sansekerta sing tegesé \"tradhisi\". Banjur tembung liyané iku religi sing asalé saka basa Latin lan dedhasar saka tembung verba \"re-ligare\". Iki tegesé \"nalèni manèh\". Karepé sawijining wong sing nduwé agama iku nalèni awaké karo sang Pangéran. Ning Tanah Jawa lan uga Indonesia, ana limang agama sing paling akeh penganuté, yakuwi: agama Islam, Kristen Protestan lan Katholik, Hindu, Ayyavali, lan Buddha. Nanging ing Tanah Jawa uga ora sithik sing nganut agama Jawa utawa biasané diarani Kejawen. Agama iki lahir saka pemikiran asli wong jawa nanging ugo ana pengaruhé saka prinsip-prinsip ajaran Hindu lan Buddha. Saliyané iku wong-wong sing katurunan Tionghoa ya akèh sing nganut ajaran Konghucu utawa Konfusianisme. Panganut agama Yahudi ing tanah Jawa uga ana, senadyan mung sithik cacahé. Semono uga ana wong-wong sing ora percaya karo salah sijining agama babar pisan. Golongan sing kaya mangkéné biyasané diarani atheis, nanging sejatiné durung mesthi atheis merga ana wong sing ora percaya agama nanging percaya karo Gusti Allah utawa Hyang Widi."@jv . "Kidung Sri Tanjung iku karyané wong Banyuwangi. Carita iki kagolong carita legèndha payasaning kutha Banyuwangi. Saliyané iku, carita iki uga misuwur amarga bisa digunakaké dadi carita kanggo ngruwatan.Caritané sing cekak kaya mangkene:Ana sawijining satriya anama radèn Sidapaksa sing lunga saka panggonané, banjur ngèngèr, ngabdi marang ratu ing nagara Sinduraja. Banjur dhèwèké krama olèh Dèwi Sri Tanjung.Sawijining dina, radèn Sidapaksa nepsu banget dikira slingkuh, garwané. Banjur Sri Tanjung celathu yèn menawa dhèwèké dipatèni, sing metu dudu getih nanging banyu arum, mula dhèwèké ora salah.Tenan, Sri Tanjung dicubles, sing metu dudu getih sing mambu amis, ananging banyu sing wangi ambuné. Mula nganti saiki ibukutha Blambangan jenenge Banyuwangi."@jv . "Manuk darès iku, kewan sing lumrah tur akèh manggon ing Tanah Jawa. Nèng panggonan alas, manuk jinis iki isih akèh ditemokaké.Kéwan iki kagolong kéwan wengi, dadi yèn wengi luwih aktif. Yèn awan, kéwan iki turu, kanggo lèrèn.Manuk darès iku kagolong kéwan karnivora, pakanané daging utawa kèwan urip. Pagawéyané ya mbedhog kéwan-kéwan cilik, kaya ta: tikus, kadal, trewelu lan sabanjuré.Ing Donya Kulon (Eropah), kéwan iki diarani kéwan sing wicaksana. Ananging ing donya wétan, (Asia), kéwan iki kaanggep pratandhaning mala, kasripahan utawa kapatèn. Mulanéing basa Melayu kewan ini diarani Burung Hantu utawa manuk pati. Tembung hantu iku ing basa Jawa Kuna uga ana lan tegesé pati."@jv . "Gamelan iku salah sijiné seni musik tetabuhan tradhisional aseli saka Indonésia utamané ing pulo Jawa, Madura, Bali lan Lombok. Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawa yaiku \"gamel\" kang duwé makna \"tabuh\".Isi gamelan iku saprangkat piranti musik sing dienggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenèngan. Jinis musik iki kasebar nganti tekan pulo-pulo ing saindenging tlatah Nusantara lan saiki malah wis kasebar rata nganti Amérika, Éropah lan tlatah liyané.Jinis musik tradhisional liya sing mèmper karo gamelan uga ana ing Filipina, Malaysia lan Suriname.Gamelan duwéni melodhi kang magis utawa nduwé daya supranaturalsupranatural, mula swarané gamelan diarani mélodi utawa wirama perkusi kang magis. Pagelaran gamelan uga ana kang ngarani orkestra gamelan Jawa.[rujukan?]Ing buku kang irah-irahané Music of Java, Jaap Kunst nerangaké yèn gamelan iku kaya komparasikomparasi saka cahya rembulan lan miliné banyu, misterius kaya cahya rembulan lan obah utawa dinamis kaya milining banyu.Gamelan kalebu perangan ing kabudayan Jawa. Ing Jawa gamelan biyasané kanggo musik pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgit, tari, uyon-uyon. Jinisé laras ing gamelan ana loro yaiku laras pélog lan laras sléndra. Saben sèt gamelan nduwéni instrumén kanggo laras pélog lan sléndra."@jv . "Kéwan, iku organisme sing digolongké ing karajan Animalia utawa Metazoa. Kéwan iku salah siji makluk urip sing ana ing alam semesta. Kéwan bisa kasusun saka siji sèl (uniselular) utawa akèh sèl (multiselular). Para èlmuwan nglasifikasiaké kéwan dadi 2 klompok utama, yaiku kéwan nduwé balung mburi lan kéwan tanpa balung mburi. Kéwan sing nduwé balung mburi diarani Vertebrata. Kewan tanpa balung mburi diarani Invertebrata utawa Avertebrata.Kéwan uga diklasifikasiké miturut jinis panganané. Kéwan sing panganané daging diarani kéwan karnivora, contoné: asu, kucing, macan Kéwan sing panganané Tetanduran diarani kéwan herbivora, contoné: wedhus, jaran Kéwan sing panganané daging lan tetanduran diarani kéwan omnivora. Kéwan sing panganané srangga diarani kéwan insektivora."@jv . "Mula bubukaning Sastra Jawa iku sawijining prasasti sing ditemokaké ing tlatah Sukabumi, Pare, Kedhiri Jawa Wetan. Prasasti sing biasané diarani Prasasti Sukabumi iki ditulis ing tanggal 25 Maret taun 804 Masehi. Isiné ditulis nganggo basa Jawa Kuna.Sawise prasasti Sukabumi, ana prasasti liyane saka taun 856 Masehi sing isine sawijining tembang kakawin. Kakawin sing isine wis ora pepak maneh iki, tembang basa Jawa (Kuna) sing lawas dhewe.Biasane sejarah sastra Jawa dibagi dadi patang jaman: Sastra Jawa Kuna Sastra Jawa Tengahan Sastra Jawa Anyar Sastra Jawa ModernSaliyane iku ana kategori khusus maneh, yakuwi Sastra Jawa-Bali. Sastra iki terusane saka Sastra Jawa Tengahan. Sabanjure ana uga Sastra Jawa-Lombok, Sastra Jawa-Sunda, Sastra Jawa-Madura, lan Sastra Jawa-PalembangSaka kabeh sastra tradisional Nusantara, sastra Jawa iku sing paling unggul lan paling akeh kasimpen karya sastrane. Ananging sawise proklamasi RI, taun 1945 sastra Jawa rada dianggep kaya anak kuwalon ing Negara Kesatuan RI. Amarga sing diutamakake iku rasa manunggaling (kesatuan) bangsa Indonesia. Basa Jawa wiwitane ditulis nganggo aksara turunan aksara Pallawa sing asale saka kiduling India. Aksara iki sing dadi leluhure aksara Jawa modern utawa Hanacaraka sing isih dienggo nganti saiki.Banjur karo mumbul-mumbule agama Islam ing abad ping 15-16, huruf Arab ya digunakake nggo nulis basa Jawa; huruf iki diarani huruf pegon.Sawise iku karo tekane wong-wong Eropa ing tanah Jawa, aksara Latin ya digunakake kanggo nulis basa Jawa."@jv . "Kawi uga dadi jeneng sawijining panggonan ing Malang, Jawa Wetan. Delengen Gunung Kawi. Ing Bali uga ana panggonan kang disebut Candhi Gunung Kawi.Kawi iku basa sastra. Akèh tetembungan saka basa Kawi iku, dijupuk saka basa Sansekreta. Anging yèn ngomongaké basa Kawi kerep uga sing dikarepaké iku basa Jawa Kuna. Basa Kawi akeh ditemoaké ing prasasti utawa kakawin.Tembung basa Kawi iku séjé karo basa Jawa Kuna. Basa Kawi iku sajatiné basa kasusa