# started 2014-08-16T14:11:30Z "Serat Kalatidha iku sawijining tembang anggitané Ranggawarsita. Isiné perkara pasambatané yèn ing jaman samono wong kudu mèlu-mèlu perkara sing kalebu ala supaya bisa 'maju'. Tembang macapat iki kabèh ing pupuh Sinom lan ana 12 pada gunggungé. Karya sastra iki ditulis kurang luwih taun 1860 Masehi. Kalatidha kuwi salah siji karya sastra Jawa kang kawentar. Malah nganti saiki isih akèh wong Jawa, utamané kalangan tuwa kang isih apal paling ora siji pada syair iki, yakuwi pada kapitu."@jv . "Dhialek Cerbonan utawa uga diarani Basa Cerbon iku sajenis dhialek basa Jawa sing dipituturake ing pesisir lor Jawa Barat utamane mulai tlatah Cilamaya (Karawang), Blanakan, Pamanukan, Pusakanagara (Subang), Indramayu, nganthi Cirebon lan Losari Wetan, Brebes, Jawa Tengah.Biyen basa iki kanggo perdagangan ing pesisir Jawa Barat mila Cirebon dhadi salah sijining pelabuhan pratama, khususe ing abad 15-17. Sadhurunge, basa iki ora bedha karo Basa Jawa Soloan, namung pramila abad 17, basa Cerbonan mulai katon bedhane oleh kena pengaruh lokal kaliyan pengaruh Basa Sundha. Basa Cerbon uga tansah mertahanke wujud-wujud kunaning Basa Jawa Tengahan (kayata ukara-ukara lan pangucapan) sing wis ora diangge maneh karo Basa Jawa Baku.Basa Cerbon ya diajarke ning sekolah-sekolah wilayah Cirebon kaliyan Basa Sundha. Ing tlatah Cirebon, basa iki dituturke karo mayoritas penduduke kecuali kecamatan-kecamatan sing awates Majalengka lan Kuningan sing nganggo Basa Sundha. Basa Cerbon luwih dominan ing Indramayu utawa diarani Dermayon.Upami : Kepriben kabare, cung?\t: Kepriye kabare, cah-cah? Isun lungA sing umah\t\t: Aku lunga saka omah Aja sok gumuyu bae\t\t: Aja ngguyu wae Sira arep mendhi?\t\t: Kowe arep menyang endhi? kowen pan mengendhi? : kowe arep menyang endhi? baka sira kuh pan mengendhi? : nek kowe iki arep endhi? isun esuk kiye sarapan lawuhe mirong bari urab : esuk iki aku sarapane lawuhe mirong karo urab. \"mirong(rempeyek saka teri, urang lan iwak cilik-cilik)\""@jv . "Ludruk iku seni panggung sing asalé saka Jawa Wétan. Pramila, Ludruk iki muncul saka kesenian rakyat jenengé Besutan, seni besutan iki biyèn dipéntaské ing ratan ditonton karo akèh uwong. Ludruk kasebar ing tlatah Jawa Wétan sing budayané budaya Arekan, wiwit saka Jombang nganti Jember."@jv . "Banyuwangen iki salah siji tlatah ing Jawa Wétan sing parané ing pojok wétan Pulo Jawa. Pramila lokasiné iku, akèh pengaruh kajaban sing mlebu ing tlatah sing kadangkala diarani Bumi Blambangan iki.Tlatah Banyuwangi diubengi pegunungan ing kulon, lan lautan ing kidul wétané. Dadi, tlatah iki ora akeh kapengaruh karo Budaya Mataraman lan Budaya Arekan. Pengaruh sing paling kuat mengaruhi tlatah lan budaya Banyuwangi iku saliyané pangaruh Jawa, ya pengaruh Bali lan Medura. Pangaruh Bali paling katon ing kabudayaaning Banyuwangi amarga ing jaman biyèn Blambangan naté dadi siji pamarèntahan karo Karajan Bali. Banyuwangi sugih karo anéka rupa kebudayaan lan kasenian. Wong Banyuwangi, utamané Lare Using paling bangga karo bedhané kabudayané tinimbang tlatah Jawa liyané."@jv . "Sastra iku sawijing tembung silihan saka Basa Sansekerta; \"śāstra\", sing tegese \"tulisan\" utawa \"buku\", saka tembung dasar \"śās-\" sing tegese \"weruh\". Ing basa Jawa, tembung iki biasane dienggo ngarani \"kasusastran\" utawa sajinising tulisan sing nduwe arti utawa kaendahan tartamtu. Ananging, tembung \"sastra\" ugi bisa ngarani kabeh jinis tulisan, apa iki endah apa ora. Karya sastra ugi dipungginakaken kagem media mratelaaken pengalaman panggangit. Ukara, tembung, lan basa ingkang dipunginaaken dening panganggit punika basa ingkang endah saengga dadosaken raos remen kagem tiyang ingkang maos. Prastawa-prastawa ingkang dipunangkat panggangit boten namung prastawa ingkang sae kemawon ananging ugi prastawa ingkang awon wontening salebeting carios. Ananging saking carios éndah utawi awon punika kita saged mundhut sari pathinipun. Pangganggit ugi saged mangaribawa kabudayan masyarakat tertemtu ing salebeting karya sastra ingkang dipunanggit, kadosta pola pikir masyarakat.Saliyane iku, tembung sastra bisa dibagi dadi sastra tulis karo sastra lisan (sastra oral). Neng kene sastra ora akeh gathuke karo tulisan, nanging gathuke karo Basa sing didadekake wahana kanggo mengekspresikan pengalaman atau pemikiran tertentu.Biasane kasusastran dibagi miturut daerah geografis utawa basa."@jv . "Budaya iku maknane kabeh pemikiran menungsa sing sifate abstrak sing diwujudake dadi pola tingkah laku neng masyarakat lan kasil Budaya sing sifate fisik. Dadi budaya iku nduwe bagian utawa unsur sing tahap-tahape yaiku: pikiran utawi gagasan utawi ide, rasa lan niat. Kabeh gabungan bagian utawa unsur-unsur iku mung ana neng menungsa.Tembung budaya iku asale saka basa Sansekerta yaiku \"buddayah\" sing asale saka tembung \"budhi\" utawa akal. Akal iku dadi salah siji perangkat utama menungsa kanggo njalani urip lan ora ana makhluk liya sing nduwe akal.Miturut Prof. Koentjaraningrat, kabudayan iku gabungan kabeh sistem, gagasan, tindakan lan kasil karya menungsa neng masyarakat sing isa diperkoleh liwat sinau."@jv . "Bausastra utawa kamus iku sawijining buku sing isiné daftar définisi tembung-tembung."@jv . "Dhialek Banyumasan dituturke ing tlatah Banyumasan, kasebar mulai Kebumèn, Cilacap, Banyumas, Purbalingga, Banjarnegara, Pemalang, Tegal, Brebes nganthi tlatah Pasundan, molai Cirebon - Indramayu lan Banten lor.Dhialèk Banyumasan dianggep minangka logat Basa Jawa sing paling tuwa. Bab iki ditandhani kanthi anané sawetara tembung jroning Basa kawi/sanksekerta sing arupa asal’e basa jawa sing isih dianggo ing dhialèk Banyumasan kayata tembung rika (jw = kowé, ind = kamu), uga tembung inyong sing asal saka ingong sarta pangucapan vokal a sing utuh ora kaya å (waca a tipis / miring) sing dadi pocapan dhialèk Banyumasan kayadéné basa sangskerta. Sadurungé kena prabaw saka kraton/krajaan, basa jawa amèh ora ana prabédan antara krama inggil lan ngoko. Sawisé mangsa krajaan-krajaan jawa, basa jawa ngalami pangalusan, yaiku basa sing dianggo déning rakyat biasa lan sing dianggo déning kulawarga krajaan dibédakaké pocapané senadyan maknané padha.Basa Banyumasan nduwèni ciri khas ya iku arupa pocapan ing vokal a sing dipocapaké utuh ora å (waca a tipis) kaya ing logat basa jawa. Logat iki nduwèni panekanan aksara-aksara luwih cetha utawa luwih kandel, kayata aksara k ing pungkasan tembung diwaca nyedhaki uni g, aksara p nyedhaki b,panambang ki dadi ti lan aksara l sing pocapané kandel, uga ana sawetara partikel tambahan sing bisa didadèkaké ciri logat banyumasan kayadéné lah, yuh, la, thok, baén, géh, gyéh, baé, tuli, teli, acan lll.Dhialèk iki misuwur kanthi cara omongé sing khas. Dadi logat Banyumasan iki akeh medhoke ketimbang logat Jawa liyane.Dibandhing basa Jawa dialek Yogyakarta lan Surakarta, dialek Banyumasan akeh banget bedane. Beda sing utama yakuwe akhiran 'a' tetap diucapna 'a' dudu 'o'. Dadi angger neng Solo wong mangan karo 'sego', neng Banyumas wong madhang karo 'sega'.\"Utek ko kon jallan jalan maning ora karo ndasse\".tegese : utek kok dikon jalan olehe jalan mesti karo sirahe..\"oli-olihe apa kang \" duwe oleh2 apa kang, \"munthul nagka thok \"telo pohung karo nangka wae..kepiye ana ing dialek Banyumas dadi kepriwe, mdean, lsp.kosakata akhiran konsonan diucapake medhok lah kandhel ana ing pangucap.wedok warek dadi waregh, njupuk dadi njupukk..lsp"@jv . "Wayang dumadi saking tembung wod \"yang/ hyang\" angsal ater- ater wa-. Tegesipun roh ingkang dipepundhinamargi pinercaya roh saged damel beja cilakanipun manungsa.Wayang punika wewayangan utawi gegambaran watak lan jiwanipun manungsa. Wayang mujudaken pangejawantahan pribadi manungsa.Wayang punika pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang wujud 2 dhimensi utawa wujude 3 dhimensi. Kang wujud 2 dhimensi umume, kagawé saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawi wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngéné iki ora patia akèh ditemoni. Manut ing kemajuane jaman, wus tinatah lan sinungging wayang kanthi ngginakaken media digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang kang tinatah lan sinungging kanthi media digital kasebat e-wayang.Crita kang dilakonaké dijupuk saka épos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut Wayang Purwa. Uga ana kang nggelar lakon crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab. Wayang kang kaya ngéné iki diarani Wayang Menak. Pagelaran iki misuwur ing tanah Jawa.Ing pagelaran punika wayang ditancepké ing debog (wit gedhang) ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Ing tengah, critané digelar. Sedina sewengi lakon diwedhar. Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan sing berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi.."@jv . "Basa Jawa (Basa Jawa: ꦧꦱꦗꦮ) iku kagolong basa Austronesia, ya kuwi basa-basa sing dianggo sawarna-warnané bangsa pribumi ing kapuloan sakidul-wetaning bawana Asia. Basa Jawa kasebar wiwit pucuk kulon pulo Jawa, Banten nganti pucuk wétan Banyuwangi déning kurang luwih 80 yuta panutur ibu. Kajaba iku, basa iku kasebar ing Indonésia saka Sumatra nganti Papua, Timor Wétan, Malaysia, Singapura, Taiwan, Hong Kong, Walanda, Suriname, Curaçao, lan ing Kaledonia Anyar.Basa Jawa dadi salah sijiné panyumbang sing gedhé dhéwé kanggo panuwuhané basa Indonesia. Sanadyan dudu basa resmi ing pamaréntahan, basa Jawa nduwé pangaruh luwih akèh tinimbang basa-basa dhaérah liyané kayata ing kosakata, lan istilah-istilah sing kadhangkala nganggo tembung Jawa.Basa Jawa iku bagéyan saka sub-cabang Sundik saka rumpun basa Melayu-Polinesia Kulon saka pang basa Melayu-Polinesia sing gilirané anggota basa Austronesia. Basa Jawa isih sedulur cedhak basa Melayu, basa Sundha, basa Madura, basa Bali, lan uga basa-basa ing pulo Sumatra sarta Kalimantan.Basa Jawa dipigunakaké ing Jawa Tengah, Jawa Wétan lan uga pesisir lor Jawa Kulon. Banjur ing Madura, Bali, Lombok lan Tatar Sundha ing Jawa Kulon, basa Jawa uga ditrapaké dadi basa sastra. Basa Jawa uga basa dalem ing keraton Palembang, Sumatra Kidul sadurungé keraton iki dibedhah wong Walanda ing wusananing abad kaping-18."@jv . "A B C D E F G H I J K L M N O P Q R S T U V W X Y Z"@jv . "God zij met ons Suriname (Jawa \"Sang Pangéran Moga Nulungi Awaké Dhéwé Suriname\") iku lagu kabangsane negara Suriname. Ing ngisor ana versiné nganggo basa Walanda lan basa Sranan Tongo :Ing Basa Walanda :God zij met ons SurinameHij verheffe ons heerlijk landHoe wij hier ook samen kwamenAan zijn land zijn wij verpandWerkend houden we in gedachtenrecht en waarheid maken vrijAl wat goed is te betrachtenDat geeft aan ons land waardij.Ing Basa Sranan Tongo :Opo kondreman oen opoSranan gron e kari oenWans ope tata komopoWi moes seti kondre boenStre de f'stre wi no sa fredeGado de wi fesi manHeri libi te na dedeWi sa feti gi SrananPretalan basa JawaMuga Gusti karo awaké dhéwé SurinameMuga ngluhurna tanah kita sing tentremKepriyé waé kita mréné padha-padhaDigadhékaké karo tanah ikiSambi nyambut gawé kita tumindhakbener lan dadi bébasngusahakna kamajonawèh drajad ing negara."@jv . "Tembang iku kasil budaya saking gubahan bidhang seni nadha utawa swara sing nduwé aturan-aturan tinamtu antarané: urutan, kombinasi lan hubungan temporal (uga isa nganggo iringan piranti musik) sing ngasilaké gubahan musik sing manunggal lan duwé irama. Tembang uga bisa ditegesi reriptan utawa dhapukaning basa mawi paugeran tartamtu (gumathok) ingkang pamaosipun kedah dilagukake nganggo swara."@jv . "Didi Kempot iku sawijining penyanyi campursari sing asalé saka Jawa Tengah. Dhèwèké asliné saka Sragèn, sawétané Surakarta. Didi Kempot isih adhiné Mamik, pelawak anggota Srimulat.Dhèwèké antara liya nulis utawa nyanyi lagu-lagu:Sewu KuthaStasiun Balapan (lagu)Kopi LampungSekonyong-konyong koderManuk Cucak Rawa"@jv . "Campursari iku sawijining jenis tembang cara Jawa sing sajatine campuran saka gamelan Jawa lan piranti musik modern.Campursari kang ngemot pirang-pirang aspek seni (sajroning lelagon pepak banget). Katitik saka lagu kang kerep dianggo campursari bisa awujud: lagu dolanan, langgam, macapat, tembang gedhe, sekar gendhing, bawa, umpak-umpak, lan sanes-sanesipun. Tokoh campursari sing kondhang, yaiku Manthous saka Gunung Kidul.Katitik saka instrumen kang dianggo bebarengan kanthi trep, nganti kepenak dirungokake. Gabungan instrumen kasebut diangkah supaya tinemu harmoni seni campursri. Instrumen campursari kang kerep kanggo kayata kendhang, demung, gong, rebab, piano lan gitar.Lelagon campursari mono kang baku seneng, gumyak, lan nges swasanane. Padatan campursari kerep kanggo nglipur ing pahargyan, embuh iku mantenan, sunatan, tasyakuran lan liya-liyane.Campursari uga asring dianggo dening pendhagel, gara-gara ing wayang kulit, utawa wayang wong, limbukan wayang kulit, dhagelan ing kethoprak lan sapanunggalane."@jv . "Agama iku sistem utawa prinsip kapercayan lan keyakinan kang manthep marang sang Gusti Pangéran, utawa uga diarani nganggo asma liyané kaya ta; Gusti Allah, Dewa, Sang Hyang Widi, lan sabanjuré. Agama uga ajaran-ajaran kabaktèn lan kuwajiban-kuwajiban sing ana gandhèng cénèngé karo kapercayan iku.Tembung \"agama\" asalé saka basa Sansekerta sing tegesé \"tradhisi\". Banjur tembung liyané iku religi sing asalé saka basa Latin lan dedhasar saka tembung verba \"re-ligare\". Iki tegesé \"nalèni manèh\". Karepé sawijining wong sing nduwé agama iku nalèni awaké karo sang Pangéran. Ning Tanah Jawa lan uga Indonesia, ana limang agama sing paling akeh penganuté, yakuwi: agama Islam, Kristen Protestan lan Katholik, Hindu, Ayyavali, lan Buddha. Nanging ing Tanah Jawa uga ora sithik sing nganut agama Jawa utawa biasané diarani Kejawen. Agama iki lahir saka pemikiran asli wong jawa nanging ugo ana pengaruhé saka prinsip-prinsip ajaran Hindu lan Buddha. Saliyané iku wong-wong sing katurunan Tionghoa ya akèh sing nganut ajaran Konghucu utawa Konfusianisme. Panganut agama Yahudi ing tanah