# started 2014-08-16T14:11:25Z "Serat Kalatidha iku sawijining tembang anggitané Ranggawarsita. Isiné perkara pasambatané yèn ing jaman samono wong kudu mèlu-mèlu perkara sing kalebu ala supaya bisa 'maju'. Tembang macapat iki kabèh ing pupuh Sinom lan ana 12 pada gunggungé. Karya sastra iki ditulis kurang luwih taun 1860 Masehi. Kalatidha kuwi salah siji karya sastra Jawa kang kawentar. Malah nganti saiki isih akèh wong Jawa, utamané kalangan tuwa kang isih apal paling ora siji pada syair iki, yakuwi pada kapitu."@jv . "Dhialek Cerbonan utawa uga diarani Basa Cerbon iku sajenis dhialek basa Jawa sing dipituturake ing pesisir lor Jawa Barat utamane mulai tlatah Cilamaya (Karawang), Blanakan, Pamanukan, Pusakanagara (Subang), Indramayu, nganthi Cirebon lan Losari Wetan, Brebes, Jawa Tengah.Biyen basa iki kanggo perdagangan ing pesisir Jawa Barat mila Cirebon dhadi salah sijining pelabuhan pratama, khususe ing abad 15-17."@jv . "Ludruk iku seni panggung sing asalé saka Jawa Wétan. Pramila, Ludruk iki muncul saka kesenian rakyat jenengé Besutan, seni besutan iki biyèn dipéntaské ing ratan ditonton karo akèh uwong. Ludruk kasebar ing tlatah Jawa Wétan sing budayané budaya Arekan, wiwit saka Jombang nganti Jember."@jv . "Banyuwangen iki salah siji tlatah ing Jawa Wétan sing parané ing pojok wétan Pulo Jawa. Pramila lokasiné iku, akèh pengaruh kajaban sing mlebu ing tlatah sing kadangkala diarani Bumi Blambangan iki.Tlatah Banyuwangi diubengi pegunungan ing kulon, lan lautan ing kidul wétané. Dadi, tlatah iki ora akeh kapengaruh karo Budaya Mataraman lan Budaya Arekan. Pengaruh sing paling kuat mengaruhi tlatah lan budaya Banyuwangi iku saliyané pangaruh Jawa, ya pengaruh Bali lan Medura."@jv . "Sastra iku sawijing tembung silihan saka Basa Sansekerta; \"śāstra\", sing tegese \"tulisan\" utawa \"buku\", saka tembung dasar \"śās-\" sing tegese \"weruh\". Ing basa Jawa, tembung iki biasane dienggo ngarani \"kasusastran\" utawa sajinising tulisan sing nduwe arti utawa kaendahan tartamtu. Ananging, tembung \"sastra\" ugi bisa ngarani kabeh jinis tulisan, apa iki endah apa ora. Karya sastra ugi dipungginakaken kagem media mratelaaken pengalaman panggangit."@jv . "Budaya iku maknane kabeh pemikiran menungsa sing sifate abstrak sing diwujudake dadi pola tingkah laku neng masyarakat lan kasil Budaya sing sifate fisik. Dadi budaya iku nduwe bagian utawa unsur sing tahap-tahape yaiku: pikiran utawi gagasan utawi ide, rasa lan niat. Kabeh gabungan bagian utawa unsur-unsur iku mung ana neng menungsa.Tembung budaya iku asale saka basa Sansekerta yaiku \"buddayah\" sing asale saka tembung \"budhi\" utawa akal."@jv . "Bausastra utawa kamus iku sawijining buku sing isiné daftar définisi tembung-tembung."@jv . "Dhialek Banyumasan dituturke ing tlatah Banyumasan, kasebar mulai Kebumèn, Cilacap, Banyumas, Purbalingga, Banjarnegara, Pemalang, Tegal, Brebes nganthi tlatah Pasundan, molai Cirebon - Indramayu lan Banten lor.Dhialèk Banyumasan dianggep minangka logat Basa Jawa sing paling tuwa."@jv . "Wayang dumadi saking tembung wod \"yang/ hyang\" angsal ater- ater wa-. Tegesipun roh ingkang dipepundhinamargi pinercaya roh saged damel beja cilakanipun manungsa.Wayang punika wewayangan utawi gegambaran watak lan jiwanipun manungsa. Wayang mujudaken pangejawantahan pribadi manungsa.Wayang punika pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang wujud 2 dhimensi utawa wujude 3 dhimensi."@jv . "Basa Jawa (Basa Jawa: ꦧꦱꦗꦮ) iku kagolong basa Austronesia, ya kuwi basa-basa sing dianggo sawarna-warnané bangsa pribumi ing kapuloan sakidul-wetaning bawana Asia. Basa Jawa kasebar wiwit pucuk kulon pulo Jawa, Banten nganti pucuk wétan Banyuwangi déning kurang luwih 80 yuta panutur ibu."@jv . "A B C D E F G H I J K L M N O P Q R S T U V W X Y Z"@jv . "God zij met ons Suriname (Jawa \"Sang Pangéran Moga Nulungi Awaké Dhéwé Suriname\") iku lagu kabangsane negara Suriname."@jv . "Tembang iku kasil budaya saking gubahan bidhang seni nadha utawa swara sing nduwé aturan-aturan tinamtu antarané: urutan, kombinasi lan hubungan temporal (uga isa nganggo iringan piranti musik) sing ngasilaké gubahan musik sing manunggal lan duwé irama. Tembang uga bisa ditegesi reriptan utawa dhapukaning basa mawi paugeran tartamtu (gumathok) ingkang pamaosipun kedah dilagukake nganggo swara."@jv . "Didi Kempot iku sawijining penyanyi campursari sing asalé saka Jawa Tengah. Dhèwèké asliné saka Sragèn, sawétané Surakarta. Didi Kempot isih adhiné Mamik, pelawak anggota Srimulat.Dhèwèké antara liya nulis utawa nyanyi lagu-lagu:Sewu KuthaStasiun Balapan (lagu)Kopi LampungSekonyong-konyong koderManuk Cucak Rawa"@jv . "Campursari iku sawijining jenis tembang cara Jawa sing sajatine campuran saka gamelan Jawa lan piranti musik modern.Campursari kang ngemot pirang-pirang aspek seni (sajroning lelagon pepak banget). Katitik saka lagu kang kerep dianggo campursari bisa awujud: lagu dolanan, langgam, macapat, tembang gedhe, sekar gendhing, bawa, umpak-umpak, lan sanes-sanesipun."@jv . "Agama iku sistem utawa prinsip kapercayan lan keyakinan kang manthep marang sang Gusti Pangéran, utawa uga diarani nganggo asma liyané kaya ta; Gusti Allah, Dewa, Sang Hyang Widi, lan sabanjuré. Agama uga ajaran-ajaran kabaktèn lan kuwajiban-kuwajiban sing ana gandhèng cénèngé karo kapercayan iku.Tembung \"agama\" asalé saka basa Sansekerta sing tegesé \"tradhisi\". Banjur tembung liyané iku religi sing asalé saka basa Latin lan dedhasar saka tembung verba \"re-ligare\". Iki tegesé \"nalèni manèh\"."@jv . "Sastra Jawa Tengahan iku wiwitane ana sawisé karaton Majapait diadegaké. Dadi wiwit abad kaping 13 nganti kira-kira abad kaping 16 Masehi. Sabanjuré, sastra Jawa Tengahan diterusaké ing Bali dadi Sastra Jawa-Bali.Jaman samana, karya-karya tembang sing adhedhasar pupuh tembang Jawa asli, wiwit ditrapaké."@jv . "Sewu Kutha iku sawijining tembang Jawa sing kalebu genre campursari lan ditembangaké déning Didi Kempot. Lagu ini nyaritakake sawijining wong sing kelangan pacangané. Lagu iki dadi misuwur banget lan naté ditembangaké déning Sri Sultan hamengkubuwana X nalika kampanye Partai Golkar ing Kalimantan Kidul taun 2009."@jv . "Kidung Sri Tanjung iku karyané wong Banyuwangi. Carita iki kagolong carita legèndha payasaning kutha Banyuwangi. Saliyané iku, carita iki uga misuwur amarga bisa digunakaké dadi carita kanggo ngruwatan.Caritané sing cekak kaya mangkene:Ana sawijining satriya anama radèn Sidapaksa sing lunga saka panggonané, banjur ngèngèr, ngabdi marang ratu ing nagara Sinduraja. Banjur dhèwèké krama olèh Dèwi Sri Tanjung.Sawijining dina, radèn Sidapaksa nepsu banget dikira slingkuh, garwané."@jv . "Artikel iki perkara slira minangka rèptil. Kanggo panggunan liya mangka mirsani: slira (disambiguasi)Slira utawa ing Basa Jawa Timurane diarani Nyambik akeh ditemokake ing rawa-rawa, utawa ing tambak-tambak.Kewan iki klebu kerabate Reptilia lan tansah kalebu kulawargane Komodo. Slira iki uga kalebu Karnivora karna seneng mangan iwak, urang, utawa kewan-kewan cilik liyane.Slira akeh digoleki daginge karna dianggep bisa didadekake obat. Saliyane iku, slira uga dijupuk kulite kanggo klangenan."@jv . "Manuk darès iku, kewan sing lumrah tur akèh manggon ing Tanah Jawa. Nèng panggonan alas, manuk jinis iki isih akèh ditemokaké.Kéwan iki kagolong kéwan wengi, dadi yèn wengi luwih aktif. Yèn awan, kéwan iki turu, kanggo lèrèn.Manuk darès iku kagolong kéwan karnivora, pakanané daging utawa kèwan urip. Pagawéyané ya mbedhog kéwan-kéwan cilik, kaya ta: tikus, kadal, trewelu lan sabanjuré.Ing Donya Kulon (Eropah), kéwan iki diarani kéwan sing wicaksana."@jv . "Gamelan iku salah sijiné seni musik tetabuhan tradhisional aseli saka Indonésia utamané ing pulo Jawa, Madura, Bali lan Lombok. Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawa yaiku \"gamel\" kang duwé makna \"tabuh\".Isi gamelan iku saprangkat piranti musik sing dienggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenèngan."@jv . "Kéwan, iku organisme sing digolongké ing karajan Animalia utawa Metazoa. Kéwan iku salah siji makluk urip sing ana ing alam semesta. Kéwan bisa kasusun saka siji sèl (uniselular) utawa akèh sèl (multiselular). Para èlmuwan nglasifikasiaké kéwan dadi 2 klompok utama, yaiku kéwan nduwé balung mburi lan kéwan tanpa balung mburi. Kéwan sing nduwé balung mburi diarani Vertebrata. Kewan tanpa balung mburi diarani Invertebrata utawa Avertebrata.Kéwan uga diklasifikasiké miturut jinis panganané."@jv . "Condro Dewi iku salah siji Sekar Banyuwangen. Tèks tembang Condro Dewi:Condro Dewi Yoro MurtosiyamMoro mundur, Moro mundurKembange, kembang pothetan"@jv . "Sekar Banyuwangen iki asliné mung patang larik lan biasané dibolan-balèni nganggo cara dawa utawa cara cendhek. Seni swarané ya beda karo seni swara Jawa, lan diarani cengkok Mandarin.Sekar Banyuwangen umuré wis tuwa, kira-kira wis atusan taun. Saiki milai dinyanyèkaké wayah Seblang utawa kanggo tari Sangiyang (Sang Hyang) sing wis ilang milai taun 1926."@jv . "Paribasan iku unèn-unèn kang ajeg panganggoné, mawa teges entar lan ora ngemu surasa pepindhan. Ana ing basa Jawa biasa diarani saloka lan ana uga kang ngarani bebasan.Tuladha : Kebo nusu gudel Tega larane ora tega patine Sepi ing pamrih rame ing gawe Negara mawa tata, desa mawa cara melok nanging aja nyolok"@jv . "Basa Jawa Yogyakarta utawa Dhialèk Yogyakarta iku dhialèk basa Jawa sing akèh tinemu utawa dianggo jroning pirembugan ing tlatah Ngayogyakarta."@jv . "Tari Topèng Malangan iku tarian asil campuran antarané budaya Jawa Tengahan, Jawa Kulonan lan Jawa Wétanan (Blambangan lan Osing) saéngga oyoting gerakan tari iki ngandhut unsur gabungan dinamis lan musik saka etnik Jawa, Madura lan Bali. Salah siji kaunikané yaiku ing modhèl alat musik sing dinggo kayata rebab (siter Jawa) suling Madura (sing mèemper karo trompet Ponorogo) lan karawitan modhèl Blambangan."@jv . "Basa Jawa Surakarta utawa Dhialèk Surakarta kuwi sawijine dhialèk Basa Jawa sing dituturaké ing Surakarta, kalebu dhialèk basa Jawa sing alus."@jv . "Sastra Jawa Anyar kurang luwih lair sawisé mlebune agama Islam ing tanah Jawa mligine ing jaman kasultanan Demak antarané abad kaping 15 - abad kaping 16 Masehi.Kanthi mlebune agama Islam, wong Jawa entuk ilham anyar sajrone nulis karya sastrane. Mula ing wanci-wanci awal, jaman Sastra Jawa Anyar, akeh dikarang karya-karya sastra babagan agama Islam. Suluk Malang Sumirang iku salah sawijiné sing wigati dhéwé.Gaya basa ing wanci-wanci awal isih mirip karo Basa Jawa Tengahan."@jv . "Mula bubukaning Sastra Jawa iku sawijining prasasti sing ditemokaké ing tlatah Sukabumi, Pare, Kedhiri Jawa Wetan. Prasasti sing biasané diarani Prasasti Sukabumi iki ditulis ing tanggal 25 Maret taun 804 Masehi. Isiné ditulis nganggo basa Jawa Kuna.Sawise prasasti Sukabumi, ana prasasti liyane saka taun 856 Masehi sing isine sawijining tembang kakawin."@jv . "Kawi uga dadi jeneng sawijining panggonan ing Malang, Jawa Wetan. Delengen Gunung