# started 2014-08-16T14:20:13Z "Wikipedia kuwe Ensiklopedia multibasa sing ditulis, disusun tur bisa disunting/edit pembaca kabeh termasuk Rika, dadi Wikipedia kuwe kasil karya gotong royong kabeh pembaca / pengguna. Wikipedia kuwe diawasi tur didukung dening Yayasan Wikimedia, yayasan kiye kuwe lembaga Nirlaba. Istimewane, Wikipedia bisa di isi informasi sing biasa dimuat nang kabeh media termasuk Buku, Majalah, Koran lan liya-liyane, dadi isine bisa aktual banget.Wong sing pertama molai nggawe proyek Wikipedia kiye jenenge Jimmy Wales."@jv . "Kali Serayu kuwe kali sing ngalir nang wilayah kidul Propinsi Jawa Tengah. Kali Serayu kuwe salah sijine kali sing paling gede nang kecamatan Banyumas. Kali kiye dudu nduweke wong Banyumas tok, tapi ya uga wong Banjarnegara, sebab kali kuwe tuk'e sekang daerah kana. Gemiyen, Kali Serayu sering dinggo dus-dusan, nganti ana sing kendang.mBalik ming: Halaman Utama"@jv . "Kabupaten Cilacap kuwe salah siji kabupaten nang Jawa Tengah sing enggone nang wilayah Pantai Kidul, kota Cilacap kuwe ibukota kabupatene, kota-kota liyane: Majenang, Karangpucung, Sidareja, Maos, Sampang, Kroya karo liya-liyane. Luas wilayah Kabupaten kiye \u00B1 128.111,50 Ha utawa 1.281,115 Km\u00B2, (termasuk Pulau Nusakambangan)."@jv . "Pendidikan artine secara harfiah yakuwe: \"degawa metu sekang\", dadi pendidikan yakuwe rangkaian proses nggo mindahna anak/peserta didik metu sekang keadaan urung mandiri, urung dewasa, termasuk urung merdeka nuju marang keadaan sing lewih mandiri, lewih dewasa, bertanggung jawab lan berbudaya. Proses kuwe meliputi pengajaran keahlian khusus, aweh pengetahuan, pertimbangan karo kebijaksanaan."@jv . "Kabupaten Purbalingga kuwe salah siji kabupaten nang Jawa Tengah sing enggone nang wilayah Banyumasan, kota Purbalingga kuwe ibukota kabupatene, kota-kota liyane : Bobotsari, Kalimanah, Mrebet lly. Luas wilayah Kabupaten kiye \u00B1 777,65 Km2Jumlah Penduduk: \u00B1 900.000 jiwa."@jv . "Tradisi / Adat Istiadat yakuwe kebiasaan sing wis ngelembaga utawa dadi norma sing dijunjung dening kelompok masyarakat.Tradisi/Adat Istiadat TimurTradisi/Adat Istiadat IndonesiaTradisi/Adat Istiadat JawaTradisi/Adat Istiadat Banyumasan"@jv . "Basa Banyumasan yakuwe pitutur utawa omongan sing nganggo sistematika tinentu sing dituturaken masyarakat Banyumasan kanggo makili wujude benda, tingkah/polah, gagasan karo kahanan. Basa Banyumasan kiya kadhang diarani basa ngapak-ngapak, lan dadi salah sijin\u00E9 ciri wanci/id\u00E9ntitas masyarakat Banyumasan.Basa kiye dituturna nang wilayah Banyumasan utawa wilayah sisi kulon Jawa Tengah. Basa kiye yakuwe salah siji dialek basa Jawa sing esih nduwe kaitan karo basa Jawa kuna utawa basa Kawi. Jumlah penutur basa kiye kira-kira ana: 12 - 15 juta, kiye termasuk wong mBanyumasan sing nang perantauan."@jv . "Kabupaten Brebes kuwe salah siji kabupaten nang Jawa Tengah sing enggone nang dhaerah pantura lan berbatesan langsung karo propinsi Jawa Kulon, kota Brebes kuwe ibukota kabupatene. Kota-kota gedhe liyane antarane: Losari, Tanjung, Ketanggungan, Larangan, Prupuk, Bumiayu, Salem lly. Luas wilayah Kabupaten kiye \u00B1 166.117 hektar utawa 1.657,73 km\u00B2, jumlah penduduk \u00B1 1,5 juta jiwa, tingkat kepadatan penduduk \u00B1 953,20 jiwa/km\u00B2."@jv . "Gunung Slamet kuwe termasuk salah siji Gunung Berapi nang pulau Jawa sing ora aktif. Duwure 3,432 meter ndl. Gunung kiye ana nang perbatasan Kabupaten Banyumas lan Kabupaten Pemalang, Provinsi Jawa Tengah. Nang kaki gunung kiye akeh kawasan wisatane antara lain Baturaden, Pemandian Moga lyy. Kawasan wisata Baturaden bisa dicapai sekang kota Purwokerto, ibukota Kabupaten Banyumas, kawasan wisata Pemandian Moga sekang kota Slawi utawa Tegal.Posisi geografis Gunung Slamet: 7\u00B014,30' LS dan 109\u00B012,30' BT, Gunung Slamet kiye gunung sing sing paling duwur nang Jawa Tengah.aja kelalen dolan nang grendeng Letusan Gunung SlametmBalik ming: Halaman Utama"@jv . "Lenggeran kuwe seni drama tradisional Banyumasan sing dipadu karo seni tari uga dialog. Jenis kesenian rakyat kiye biasa digelar nang lapangan terbuka utawa pelataran omah sing duwe hajatan.Penarine (lengger) biasane minimal 2 penari wadon ditambah badhut (lanang) sing muncul nang pertengahan wektu pertunjukan.Musik pengiring tari lengger kuwe perangkat musik calung Banyumasan. Perangkat musik kiye sebagian sekang perangkat Gamelan. Nang akhir pagelaran, biasane penonton olih melu munggah panggung menari bareng penari lengger sambi ngaweh saweran ming lenggere.Jane pagelaran lengger secara utuh kuwe pada baen karo pagelaran seni Drama (tradisional) sing ditambah seni tari karo dialog, ning sing cokan dadi pusat perhatian mung gerak tariane thok.Urut-urutan babak pagelaran lengger sing utuh kuwe: babak lenggeran (perkenalan), babak badhutan (permasalahan awal karo lakon), babak jaran calung (permasalahan sing ngeruncing/krisis) terus terakhir babak baladewan (penyelesaian/keputusan).Kabeh babak-babak kuwe ngandung nilai-nilai, antarane: nilai estetika, kepercayaan, perjuangan, kemanusiaan, kejujuran karo nilai-nilai ketaatan maring ruh para leluhur.Jaman ganu, lengger duwe kesan sing kurang apik sebab cokan dipadhakna karo ronggeng, ning jaman siki wis berobah, malah siki akeh muncul grup-grup lengger sing profesional sing biasa diundang nang acara-acara resmi. Grup-grup lengger siki malah wis duwe struktur organisasi sing madan mapan, ana pembinane, ana ketua sing tugase memimpin kegiatan latihan, gladi resik karo teknik pementasan."@jv . "Bawor kuwe salah sijining sosok Punakawan nang pewayangan model Banyumasan, sing identifikasine padha karo Bagong nang wayang gaya Surakarta utawa Yogyakarta. Bagong kuwe anak bontote Semar nang epos Mahabharata sementara Bawor ialah anak sulung Semar nang pewayangan gagrak Banyumasan.Bawor kawit gemiyen cocog kanggo nggambarna wateke wong Banyumasan utawa simbule wong Banyumasan."@jv . "Kejawen kuwe ajaran pedoman uripe wong Jawa sing ngutamaaken ketentreman bathin, keselarasan, keseimbangan karo sikap nrima. Tindakan menungsa (sebagai kawula) kudu patuh ming tata masyarakat, masyarakat kudu patuh ming penguasa alam (Gusti)."@jv . "Nang kene isine tentang ilmu-ilmu alam termasuk gejala-gejala alam, aspek-aspek fisik alam, sifat-sifat karo sistem materi, uga ditambah Matematika karo Kesehatan & Kedokteran."@jv . "Kudhi ya kuwe salah sijine gaman tradisonal sing landep khas Banyumasan, jenis gaman kiye uga dikenal nang tlatah Jawa liyane nganti nang pulau Madura. Gunane gaman kiye ya kuwe alat nggo ngethok-ngethok sing nduwe punuk nang ngingsore.Dong jaman kuna, gaman kiye nglambangna daulat karo kuasane wong, dadi mandan sakral lan nduwe karakter sing nyatu karo wong-wong sing nduwe kuasa dong jaman ndipit, anggepan kiye kanggo ngantek abad ke 19. Angger nang tlatah Sunda, Kudhi kiye arep pada bae karo Kujang. Ukuran asline jaman ganu jane mandan cilik, ujude akeh jenise, ana sing jenenge Kudhi Peksi, Kudhi Wayang lan liya-liyane. Jaman siki, bentuk lan ukuran Kudhi wis dipadakna karo gunane (lewih pragmatis).Kudhi, siki dadi salah siji tengereBanyumasan, malahan ana paguyuban-paguyuban Banyumasan sing nganggo gambar Kudhi nggo lambang utawa logo paguyubane.nek nang nggonku kudi kue dadi gamane ramane sing paling landep lan ora kena nggo dolanan nang bocah cilik, mulane para sedulur sing pada ngenger nang jakarta utawane nang endi bae aja kelalalen karo budayane dewek.Inyong setuju banget tumrape sing pada ngenger angger bali pada aja kemlithak kelalen karo kebiasane dewek. Inyong dewek sing wis mlebu dasawarsa ketelu ninggalna desa lair nggo piyandel utawa nggo pangeling-ngeling ramane dong neseti tali kudhine siki tek gawa neng palembang"@jv . "Sroto atau soto itu salah satu makanan tradisional khas Banyumas yang dibuat dari aneka bahan dan disajikan pakai kuah yang agak banyak. Makanan ini hampir sama dengan sop. Masing-masing daerah mempunyai makanan khas , contohnya : soto Kudus, soto Madura, soto Makassar, soto Lamongan dan yang lainnya, di Banyumasan umumnya disebut sroto. Sroto yang paling terkenal yaitu Sroto Sokaraja. Cara orang banyumas soto soto beda sama sroto, kalo sroto memakai bumbu kacang,jadi ada rasa gurih. Bumbu kacangnya madan memper karo bumb pecel utawa gado-gado.mBalik ming: Panganan Banyumasan"@jv . "Baturaden kuwe obyek plesiran / wisata nang sisi kidul Gunung Slamet \u00B1 14 Km arah lor kota Purwokerto. Obyek wisata kiye termasuk lengkap fasilitase, termasuk ana akomodasi hotel berbintang.Baturraden asale sekang 2 tembung yakuwe: Batur (Pembantu), kanca, utawa bukit, tembung sijine yakuwe Raden sing artine Bangsawan. Crita Baturraden sing berkembang nang masyarakat Banyumasan ana 2 versi. Siji versi Kadipaten Kutaliman lan sijine maning versi Syekh Maulana Maghribi.== Sejarah Versi: Kadipaten Kutaliman ==Gemiyen jere ana Kadipaten sing lokasine kira-kira 10 Km ming arah sisih kulon Baturraden. Adipatine nduwe putri-putri lan nduwe gamel (batur sing tugase njaga jaran). Salah siji putri Adipati kuwe seneng (cinta) karo gamel. Merga sekang status sosial sing sejen banget, kisah cintane kuwe liwat pintu mburi ben ora konangan.Saking senenge karo gamel kuwe akhire putri Adipati meteng, terus mbuh kepriwe critane akhire kisah asmara putri Adipati karo gamel dadi konangan uga. Adipati kesuh banget lantes ngusir gamel karo putrine kuwe sekang Kadipaten. Nang perjalanan, putri Adipati akhire babaran nang pinggir kali, bayine kakung. Kali kuwe diweih jeneng Kaliputra. Kali kuwe anane sekitar 3 Km arah lor Kadipaten Kutaliman. Pasangan putri Adipati karo gamel kuwe akhire nemu panggonan sing lingkungane keton apik lan asri, terus manggon nang kana.Angger miturut versi Kutaliman, jeneng Baturaden kudune ditulis nganggo 2 \"R\" merga versi kuwe asale sekang kata Batur lan Raden dadi Baturraden'Gambar:Contoh.jpg'''Teks tebal]]=="@jv . "Lanting ialah jajanan gorengan khas Kabupaten Kebumen sing degawe sekang singkong, rasane gurih lan renyah. Wujude bulet berlobang kaya donat ning lewih cilik, wernane umume putih ning kadang-kadang ana sing werna abhang.Lanting kiye akeh dedol nang sepanjang dalan Kabupaten Kebumen lan nang toko-toko. Versi INDONESIA Lanting adalah makanan renyah asli dari Kabupaten Kebumen, terbuat dari singkong, rasanya gurih dan renyah. Bentuk lingkaran, ada juga yang seperti angka delapan.Kalo penasaran, cobain lanting asli dari Kebumen, bisa dibeli di toko-toko di sepanjang kota Kebumen."@jv . "Teh Tegal (sing lewih dikenal karo jeneng teh poci; uga teh Slawi) kuwe teh sing khas sekang Tegal, Indonesia. Teh kiye aromane khas tur rasane rada sepet.Kebiasaan ngombe teh poci utawa moci uwis jadi tradisi kanggone wong Tegal, kiye disebabake pertumbuhan pabrik-pabrik teh ning Tegal tahun 1930-an sing nyebabkna timbule tradisi kuwe. Ngombe teh jadi gencar sing jamane kolonial tekan saiki uga uwis dadi budaya lokal. Hidangan ombenan kiye disajikena karo gula batu tur luwih pase nek dimbe pas esih anget rada panas. Ana istilah teh poci \"WASGITEL\" sing artine WAngi, panaS, leGI, lan kenTEL."@jv . "Kabupaten Kebumen kuwe salah siji kabupaten nang propinsi Jawa Tengah, Indonesia. Ibukotane yakuwe Kebumen."@jv . "== Prakata ==Organisasi kuwe wadah kanggo sekelompok wong sing nganakna bekerja sama kanggo mencapai tujuan tinentu."@jv . "Waduk Penjalin yakuwe waduk sing enggone nang tengah-tengah desa Winduaji, kira-kira 2,4 km arah kidul ibu kota Kecamatan Paguyangan, Brebes, Jawa Tengah. Waduk Penjalin kiye posisine nang perbatasan Kabupaten Brebes karo Kabupaten Banyumas. Luas waduk kiye \u00B1 125 ha. Penjalin nek nang basa Jawa kuwe artine rotan."@jv . "Wilayah Banyumasan nduwe akeh enggon plesiran alam andalan, antarane:Kabupaten Brebes:Waduk MalahayuWaduk PenjalinPantai RandusangaPemandian air panas Cipanas Bantarkawung karo WanatirtaKedungolengCagar alam Telaga Renjeng Kabupaten Tegal & Kota Tegal:Guci IndahPantai PurwahambaWaduk CacabanPemandian KalibakungGoa LawetWisata industri LIK TakaruKabupaten Pemalang:Pantai Widuri/CilincingPemandian MogaKabupaten Banjarnegara:Hutan Wisata WanayasaTaman Satwa Serulingmas / SelomanikFenomena udan salju (mbun upas), wektune puncak mangsan kemarau (Juli \u2013 Agustus)Kabupaten Kebumen:Goa JatijajarGua PetrukPantai LogendingKarangbolongPetanahanMiritAmbalBuluspesantren karo PuringWaduk SemporWaduk WadaslintangPemandian banyu panas KrakalKabupaten Purbalingga:Goa LawaPurbasari Pancuran MasKabupaten Cilacap:Segara AnakanHutan Wisata SrandilPulau NusakambanganKabupaten Banyumas:BaturadenCurug CipendokPancuran PituMata Air Panas Kalibacin"@jv . "Hobi